Senin, 25 April 2016

aku yo mung sopo?

Pitakonan kang rasah digawe pitakonan. Amargo pitakonan kuwi wis nggowo jawabane dhewe. Jawabane yo mung ono ing awak. Awak kang ora mung mligi wadag. Nanging awak kang nyawiji jiwo lan rogo.
Ono ing sak njerone rogo, ono jiwo. Jiwo kuwi kang diarani ruh.

Sopo wae, kabeh wae, opo wae kang dadi gaweane, kepiye wae penganggone, ono ing ngendi wae panggonane, ora ono sing luput seko sejatining diri. Sejatining sopo to aku iki. Ananging sakbanjure ruh kang tumurun lan lumaku ing jagat iki, yo anamung kacacah dadi loro. Sing sepisan, ruh sing nurut marang pituduh kang ngelingke marang janjine rikolo ono ing alam azali. Sing kapindho, ruh sing mung sawantah nuruti bisikane syetan, howo nepsu sesat lan akal pikiran sing nerjang dhawuhe Gusti, nglirwak’ake pituduh sejatining diri. Pituduh kang nyoto. Yo qur’an lan hadist. Pituduh kang ndalanke menungso yo ruh iki, marang pepesten kang apik. Pepesten kang nggowo ruh didalanke marang janjine rikolo aneng alam azali.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar